Sejarah panganan Kampel (Kampelan)

kultwit dari @SputarAjibarang & hestek #SaveKampel

in_makiy: @SputarAjibarang udan2 ngene enake magan kampel, tapi neng ngene laka sing adol.:( #SaveKampel #SaveAs #lah

SputarAjibarang: berhubung pada mention kampelan. dadi siki inyong arep crita babadan kampelan/kampel neng hastagh #savekampel

SputarAjibarang: miturut critane binyunge inyong, kampel kue sing pertama sendiri gawe adalah wong Kracak. #savekampel

SputarAjibarang: merga ora entong dadi wong kue bingung. dadi nimbangane mubah, kue wong bermaksud nggoreng kupate karo glepung #savekampel

SputarAjibarang: ning jere dirasa-rasa koh kaya aneh... enggane kupat digoreng piangan langka lawueh #savekampel

SputarAjibarang: banjuran wong kue njajal ngetukena kupat karo tempe. ditempelena dilumuri karo glepung akhire kupat karo tempe ngampel #savekampel

SputarAjibarang: karna kupat karo tempe ngampel banjuran diarani KAMPELAN utawa KAMPEL #savekampel

SputarAjibarang: ning siki ora mung tempe tok sing dikampelna karo kupat, sekie sing akeh gawe kampel karo dages #savekampel

SputarAjibarang: kampel kue wong ana neng Ajibarang dan sekitarnya... ning kana-kana ya anu langka. #savekampel

SputarAjibarang: kampel enakke dipangan esuk-esuk go sarapan dibatiri karo clebek utawa teh anget #savekampel

SputarAjibarang: ya kira-kira kaya kue sejaraeh panganan sing jenengane kampelam utawa kampel. ngesuk-ngesuk tak crita kuliner liane #savekampel

SputarAjibarang: mbok ana sing arep nambahna ya silahkan! tapi aja kelalen disogi hastgh #savekampel ngko tek retweet. matur sembah nuwun

Tidak ada komentar: